Sinau Nulis Cerkak

 

Laire Dian sing Ngawa Berkah

Kenyo kencur rambut abang pirang iku sing aran Dian putrine pak Dery.  Putri sing lagi umur udakara tiga taun iki nduweni watak pinter lan kaluwihan sing beda karo liyane.  Pancen kelairanne iku ora di mergo metu lair anak wedok maneh. Karepake. Mama pingin anak ketelu lanang ananging metu wadon, mula gethun ghelo banget. Rasa kuciwane mamak ngawe adohe anggone nyughada si Dian masa bodo. Anangging pak Dery malah seneng banget merga laire deweke njalari uripe mapan. Dery ditrima gawean ana ing perusahaan swasta.

“Pak aku melu kerja.” panjalukke Dian. Suwarane manja nyedaki sikile bapakne di gendholi kenceng anggone pongin melu.

Dery menjawab, “ora usahlah nok mengko nak mulih awake dewe bisa bareng-bareng dolanan,” Deri usaha ngeculke cekelanne tangan Dian sing kenceng banger angone nyekeli.

“Pak derek, aku derek … aku emoh karo embake kabeh pada nakali aku.”  Dian usaha njaluk supaya di turuti kekarepanne.

 Pak Dery ngundang garwane supaya ngajak anake Dian ngadoh. “Mak iki Dian! Lek ndhang ta, iki aku selak awan.”

“Iya iya “mamak metu saka mburine kakunge saperlu arep misah Dian karo bapakne.  

Pak Dery ngrasa mesakke marang putrine, “yuk awake dhewe mlaku disik kene numpak motor mengko balik mulih karo mamak ya nok Dian bapak arep kerjo dhisik.”

Dian karo mamak diboncengke motor limang meter omahe banjur diudunke ndalan.  Mbasan si Dian wis meneng ora ngrengek rewel bapakne age-age mbacutke laku mangkat kerja numpak montor cegrek. Dian diajak mulih Mamak mlaku. Biasane mbakyune sing melu ngontapake. Iki mbakayune sakkeloron lagi ora ketok neng ngomah lagi liburan.

Dian si bocah cilik mau ora terus mulih dewekke mampir ngone kancane bocah cilik.  Banjur ibune ngajak mulih. “Dian mulih yuk!” 

“Aku emoh mulih, aku arep dolan karo Fadli mak!” Suwarane radhak ora pathio cetha” pangajake Dian marang mamak sing lagi nanggung arep mangsak.

Mamak dadi jengkel amarga lagi nanggung ngumbahi klambi, mangsak durung matang. Gaweanne dadi chatha mandeg. “Dian mengko dolanan neng ngomah wae. iki mamak duwe dolanan yowan.”Pangajakke mamak ibune Dian sing lagi kemrungsung.

“Neng ngomah ora ana mak!” kandhane Dian sing iseh durung pathiya cetha suwarane.  Dian iseh dolanan  mbelot ora gelem mulih merga dolananne kancane ana sing anyar. Ndadekake Dian Krasan ora gelem di ajak mulih karoo mamake. Dolananane Fadli luwih akeh katimbang dewekne.

Mamak ora kurang akal. Dian dipeksa digawa muih. Dian mberot-mberot njur nangis. ngerasa kesenangane ora duruti.  Mamak tetap ngendong Dian supaya cepat tekan ngomah. Dian isih nangis karo mberot pingin ucul saka ngedhongan mamak

Mamak ngomong, “kowe Dian neng ngomah wae, iki mamak durung rampung gaweanne. “ Nok Dian mamak ki di bantu masak mengko tak jupukke aalate sing di enggo mangsak.” Basan tekan ngomah mamak jupukke dalanan masak-masakan kanggo dolanan Dian supaya bisa meneng.

“Mamak aku mau mbantu mamak mangsak ya.” ujare Dian karo nyedakki mamake sing lagi ngracik  mangsakan ngo dina kui. engan mendekati mama yang sedang meracik masakan dina kui.  Dian di kogkon njupukke sendok irus   di cedhakake ono kompore makae saperlu ngo ngodhak masakkan mamak.

“Lha ngana kui lho nok Dian pinter mbantu mamak suk ben pinter mangsak ya,” pangucape ibune mbombong Dian.

Basan wis suwe Dian anggone dolanan, terkadang nganggu mamak sing lagi mangsak. Ngrusuhi kepara mindahi barang sinag arep dicemplungake panci. Bola bali ulahe Dian ndadekake mamak kesel lan jengkel. Dian sing kreatif ana-ana sing di tandangi metu saka omah. 

Dian ndelok neng njaba ana uwong lagi dodolan dagang sayuran lewat. Sak wise ngedoli sing tuku Mang sayur mau mlaku nerusake laku.  Lagi limang meter terus mandheg tekno ana wong tuku maneh.  Dian metu ndelok piyayi sing padha liwat arep blanja saka jeron omah.

“Dian,” panggundange Mamak

“Iya aku neng kene mak, neng teras.” jawabane Dian.

Mamak ayem mergane Dian isih ana teras.  Mamak bacutake anggone mansak ana pawon. Ora keletan suwe Dian mlaku-mlaku nginjen ono candela banjur metu mukak lawang.  Dian methik godhong kembang karo ngawaasake Mang sayur. Dumadakan dewekke namatake ana barang kang ora asing. Banjur nyedhaki di jupuk karo Dian kanyata nemu telephon sing tiba aba ndalan.  Dian ngerti yen menawa sing lagi ngadeng mau Mang sayur. Dadi telepon mau duwekke mang sayur.  

“Bapak-bapak. ana ana. … Hp sing tiba.” Pambengoke Dian marang Mang sayur.

Kabeh sing krunggu suwara bocah cilik mbengok padha noleh.  Dian meraki tukang Sayur banyur ngulungake. “Bapak hpne mak debluk.” Dian karo nyudingi dalan sing pangonane nemu hp mau.   Ada sing arep njaluk hpne, nangging ora di wenehake, amarga Dian ngerti nek sing nyekel Hape mau Tukang sayur.

“Ana apa, oh ya. Ya iki duweke bapak, matur nuwun ya nok cah ayu.”  Kandhane Mang sayur.

Dian wangsulan, “iya pak sami-sami.”  Keprungu suwarane bocah sing durung jelas dadi lucu krungu suwarane.

Mang sayur terus menehi jajanan ngo upahe angone nemokakake, nanging Dian ngomong ora gelem nolak kanthi alus.

 “Emoh mboten mawon pak,” tanganne Dian karo nyurung barang sing diulungke mang sayur ngelengke sirahe nek ora gelem.

“Terus karepmu ana cah ayu, jajanan ora gelem, buah ora roti iya ora, “Pitakone Mang sayur.

Dian wangsulan, “aku suwun niku,” karo nyuding wortel tanganne ngacungke driji siji. Bayem siji.

Banjur mang sayur njupukke wortel setengah kilo lan bayem sakunting.  Ditambahi jajanan sak bungkus dan makeman liya. Nangging Dian ora gelem nompo deweke ngomong aku suwun wortel siji bayem siji ngo pasaran.  Mang sayur ngulungake menehi apa sing di jaluk Dian.

“Omahmu ngendi nok cah ayu?”pitakone Mang sayur.

“Emoh aku emoh ora gelem,” jawabe Dian banjur mlayu mulih mergo wedi. Terus malah mlayu banter mulih terus ngumpet mburi lawang isin.

 

Mang sayur ngetutke mburine Dian mbasan tekan nomahe terus nothok lawang. “Nok cah ayu di bukakke lawang yo, iki mau jare arep njaluk wortel.” Suarane mang sayur. 

Mamak keprungu ono uwong thothok-thothok lawang age age mbukak lawang. “Madosi sinten  badhe pinangih sinten pak,? Pitakone mamak. Dian ngerteni mamak mbuka lawang banjur ndelik wedi menowo di sengeni mamak mergo mau wis meru saka ngomah.

“Ana apa pak, kula mboten pesen sayur e pak, kagem sanese mawon.” wangsulane mamak kanthi binggung ora pesen kok diteri sayuran.

“Ibu ora pesen ning niki wau nge rasa matur nuwun kulo dating keng putri nemoke Hp kulo sing dawah bu nyuwun pangapunten njih.” Guneme mang sayur.

Rasa kaget mamak keprunggu menowo Dian metu saka njeron omah ora pamit karo deweke. Banjur mamak wangsulan.” Boten usah mawon mamng sade mawon mrika, kulo sampun mangsang dinteni niki mang.  

Mang sayur ngomong maneh, “boten nopo-nopo bu kangge mangsak benjang-enjang.” Banjur mang sayur ninggalke kantong sayuran mau ono ngarepane mamak. Mamak mung meneng kebak pitakon.

Wayah sore pak Tedy kundur saka nyambut gawe, kanthi seneng deweke bnajur nyedaki anake si Dian sing mau wis di janji.  Sak wise sirambapak lan adus Dian sak kloron metu numpak motor mlaku turut ndalan.  Dumadakan ana tangga teparo sing ngawe supaya mara neng omahe. Wusana di ajak rembugan di ajak mlebu njeron ngomah barang. Banjur metu kok Tedy ngolek andha ngo ancik-ancik arep mbenakake gendheng.

Anangging wis wengi mulo di bacutake susuk-esuk maneh. Dian mudun saka motor banjur ngampiri dolanan ing padjak omah terus dolanan. Ing kana ana dolanan sing ora kanggo arep di buwang neng sampah.

Dian senang merga diajak dolanan boneka berbie. Mbasan wis petang Pak Tedy pamit mulih karo gawan anak kecil.Boneka berbie diwenehke marang Dian dingo dolanan neng ngomah.  Bapak sesuk ana gawean  Minggu dikon benakke gendheng omahe. .

“Matur nuwun Pak, “pangucape Dian seneng.

Banjur sakkloron mulih ngomah. Tekan ngomah Dian cerita marang mamake menawa deweke di tompa seneng di wenehi boneka sing apik gedhe duweke anak e sing gemlethak ono kamar nganggur. Keluargane Dian senang merga arep nukokake boneka berbie sing gedhe durung bisa regane larang mileh dingo tuku panagan. Dolanan ora di menke luweh utama pangan.

Pak Tedy entuk rejeki merga diundang benakake gendheng sing bocor tanggane. Dian sing ngowo berkah ing kluargane.  Bocah ngowo rejeki dewe-dewe. Mula aja di siya-siya kabeh iku mung sak derma manut sing gawe urip.

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak