Bedah Buku ing Sasana Mitra Dinas Dikpora DIY
Dino Senin awan westoro jam 14.00 wib tanggal 25 November Redaksi Majalah Candra nengi dalan Cendana 9 nganakke bedah buku. Kanthi irah-irahan “Mendidik dengan hati.” Anggitane; YB Margantara, dkk. Mengeti dino Kamardikan Guru-guru Nasional. (HGN) 25 November 2019. Dene pembedah buku yoiku Dosen Arsitektur FT Universitas Widya Mataram Yogyakarta Dr Satrio HB Wibowo lan Kepala Sekolah SD N Delegan 3 Prambanan Henny Sri Rantauwati, M Pd ditekani soko guru-guru, dosen, pemenang lomba Guru Menulis (LGM), praktisi pendidikan, pustakawan, wartawan senior YB Margantara, Drs Praba Pangripta, Ag Irawan.
ugo pengumuman pemenang lomba guru menulis LGM 2019. Juara I. Yuniati Eko Wardani, S Pd, Guru SLB PGRI Minggir Sleman. Judul tulisan, “Pendidikan Karakter untuk Anak Berkebutuhan kusus.” Juara II Maria Ernawati. M Tama, soko guru SMA N 7 Yogyakarta judul tulisan, “Keluarga dan Karakter Percaya diri.” Juara III.Desi Wulandari, soko guruSMK 5 Yogyakarta judul tulisan, “Menyongsong era Revolusi 4.0 dengan penguatan karakter.” Lan Harapan naskah kepilih 1. Nugraha Wibowo, M Pd, 2. Retno Utamiyati, 3. Widi Astuti,S Pd, 4. Nurhayati, M Pd, 5. Henny Sri Rantauwati, S Pd, M Pd. 6. Devi Nurul Farida, S Pd Gr, 7. Septi Andari Putri, S Pd, M Pd.
Buku anggitan YB Margantara lan konco-konco di bedah Sing dadi pranoto coro Susi Ernawati, anggota YBM. Wiwit adoh sakdurunge klakon dino H, Kanggo mengeti HGN redaksi Majalah Candra nganakke lomba ngarang nulis artikel kanggo guru-guru TK/ Paud, SD, SMP, SMA/ SMK se- Daerah Istimewa Yogyakarta. Pemenang sing di jupuk juara I, II, III lan Harapan 1- 7 arep di wenehi bebungah soko redaksi. Yoiku Asile ngarang artikel mau kapacak ono Majalah Candra, Sertifikat pemenang lan bebungah duet ngo upah ngetik.
Bedah buku Mendidik kanthi ati, sing intine, “Harta karun tersenden lan imanen.” Tersenden iku soko Allah arupo donga lan kepercayaan njaluk pitulungan ne Gusti kang murbeng dumadi. Imanen yoiku jiwa utowo ruh e manungso. Koyo to nyengi gawean, tulusing ati, minterne manungso. Mendidik kanthi ati ugo karono tindakan, koyo to; ngladeni, tegas,ngomong positif,nyontoni, ndidik wutuh, komitmen, kreatif inovatif. “Kandane Dr Satrio HB Wibowo.
Mendidik iku panggilan. Pendapate guru SD N Delegan 3 Prambanan.Henny Sri Rantauwati,” YB Margantara ora tau mandheg sinau ing Universitas kehidupan lan deweke diwenehi kesempatan mulang siswo, mahasiswo lan masyarakat kang butuh pinter. Pengalaman mulang, didik anak bongso kanthi ati seneng ndadekake jiwane iku dibutuhke wong liyo. Bareng konco inspirator, motivator, guru lan dosen gawe buku supaya ilmune langgeng.
Acara di tutup lanjut foto bareng nara sumber kang mumpuni dosen soko FT UWMY lan penulis Mendidik dengan hati Y B Margantara. @@-->(ngatinah)